Wednesday 13 January 2016

Serat Tripama

Materi Bahasa Jawa Kelas XII SMA/SMK

SERAT TRIPAMA
KGPAA Mangkunegara IV



       Serat Tripama (tiga suri tauladan) anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV (1809-1881) ing Surakarta, kaserat awujud tembang Dhandanggula cacahipun 7 pada (bait), nyariosaken patuladhan Patih Suwanda (Bambang Sumantri), Kumbakarna lan Suryaputra (Adipati Karna)

        Bait pertama dan ke dua mengisahkan kepahlawanan Patih Suwanda, Bait ke tiga dan empat tentang Kumbakarna, Bait ke lima dan enam mengenai Adipati Karna dan Bait ke tujuh adalah kesimpulan/penutup.

1. Bambang Sumantri
        Bambang Sumantri sasampunipun dados patih kawastan Patih Suwandainggih menika Patihipun Raja Harjunasasrabahu saking negara Maespati ing jaman Sri Rama, paraga salebetipun cariyos Ramayana. Patih Suwanda kawentar kekendelanipun, saged  ngayahi sedaya jejibahan saking Prabu Harjunasasrabahu ingkang wusananipun gugur ing palagan perang lawan Dasamuka.
 
Bait 1 Yogyanira kang para prajurit; Lamun bisa sira anulada; Duk ing nguni caritane; Andelira Sang Prabu; Sasrabahu ing Maespati; Aran patih Suwanda; Lalabuhanipun; Kang ginelung triprakara; Guna kaya purun ingkang den antepi; Nuhoni trah utama
       (Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama
Bait 2. Lire lalabuhan triprakawis; Guna bisa saniskareng karya; Binudi dadya unggule; Kaya sayektinipun; Duk bantu prang Manggada nagri; Amboyong putri dhomas; Katur ratunipun; Purune sampun tetela; Aprang tanding lan ditya Ngalengka nagri; Suwanda mati ngrana  
       Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul, 2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan. 
Kesimpulan Bait 1 dan 2.    
       GUNANuhoni trah utami dalam hal ini adalah menetapi keturunan orang utama, yaitu ksatria dengan sifat-sifat ksatrianya yang mampu menyelesaikan masalah. Unggul dalam segala hal.
       KAYA: Disini disebutkan dalam peperangan berhasil memboyong putri Dhomas (penafsiran disini tidak hanya memboyong putri domas yang 800 jumlahnya tetapi juga harta rampasan perang 
       PURUNKegagahberaniannya. Dasamuka adalah raja yang tidak tertandingi kesaktiannya kecuali oleh titisan Wisnu (yang tak lain adalah Prabu Harjuna Sasrabahu sendiri, tapi saat itu sang Prabu sedang bercengkerama dengan istri-istrinya). Patih Suwanda berperang sampai titik darah penghasilan dan gugur di palagan.
 
2. Kumbokarno

Kumbakarna menika rayinipun Prabu Dasamuka raja Ngalengkadiraja (Alengka), senajan awujud raseksa nanging boten sarujuk kalihan solah tingkahipun kangmasipun nyulik dewi Shinta. Nanging nalika Ngalengkadiraja diserang musuh (Sri Rama lan bala tentaranipun), Kumbakarna tetep ksatria ngorbanaken jiwa bela tanah air. Kumbakarna gugur bela negara, sanes mbela kangmasipun.

Bait 3.
Wonten malih tuladan prayogi; Satriya gung nagri ing Ngalengka, Sang Kumbakarna arane, Tur iku warna diyu; Suprandene nggayuh utamiDuk wiwit prang Ngalengka, dennya darbe atur; Mring raka amrih raharja. Dasamuka tan keguh ing atur yekti; Dene mengsah wanara.

(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.)
Bait 4. 
Kumbakarna kinen mangsah jurit; Mring kang raka sira tan lenggana; Nglungguhi kasatriyane; Ing tekad datan purun; Amung cipta labuh nagari;  Lan noleh yayah rena; Nyang leluhuripun; Wus mukti aneng Ngalengka mangke; Arsa rinusak ing bala kapi; Punagi mati ngrana.
(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan ngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing paprangan.)
 Kesimpulan bait 3 dan 4
Walaupun Kumbakarna berwujud raksasa ia tetap ingin mencapai keutamaan. Ketika terjadi peperangan ia berkali-kali menasihati kakaknya demi keselamatan kerajaan Ngalengka, tetapi Dasamuka tidak pernah menggubrisnya. Akhirnya Kumbakarna memilih menyingkir, dan bertapa tidur. Ketika senapati-senapati Ngalengka sudah gugur semua, maka Kumbakarna dibangunkan paksa dan diperintah kakaknya untuk maju perang. Menetapi watak ksatrianya, kumbakarna tidak membantah. Tekadnya hanya bela negara dan demi nenek moyangnya yang telah mukti di negara ngalengka dan sekarang akan dihancurkan wadyabala kera. Lebih baik mati di medan perang dan akhirnya Kumbakarna gugur sebagai pahlawan

3. Adipati Karno

Adipati Karna kalebet paraga ing cariyos Mahabharata. Karna boten mbela Pandawa ingkang sedherek tunggal ibu, ananging mbela Prabu Suyudana (Kurupati) raja Hastina minangka bales budi awit sang raja ngangkat derajadipun. Adipati Karna nalika lair kabucal ing lepen lajeng katemokaken lan kaangkat putra dening kusir Adirata, kadadosaken adipati dening Prabu Suyudana. Karana bab menika ing perang Bharatayuda Adipati Karna wonten ing pihak Kurawa kang sampun dimangertosi menawi Kurawa kalebu pihak ingkang angkara murka. Sang Suryaputra gugur nalika  perang tanding lawan Harjuna, rayinipun, tunggal ibu

Bait 5.
Wonten malih kinarya palupi; Suryaputra narpati Ngawangga;  Lan Pandawa tur kadange; Len yayah tunggil ibu; Suwita mring Sri KurupatiAneng nagri Ngastina; Kinarya gul-agul; Manggala golonganing prang; Bratayuda ingadegken senopati; ngalaga ing Kurawa
(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R. Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.)

Bait 6.
Den mungsuhken kadange pribadi; Aprang tanding lan Sang Dananjaya; Sri Karna suka manahe; Dene nggenira pikantuk; Marga denya arsa males sih; Ira Sang Duryudana; Marmanta kalangkung; Denya ngetok kasudiran; Aprang rame Karna mati jinemparing, Sumbaga wiratama.
(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna seneng banget atine jalaran oelh dalan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna gugur kena panah. Kondhang minangka prajurit kang utama)

Kesimpulan bait 5 dan 6
R Suryaputra adalah Adipati di Ngawangga, dengan Pandawa masih saudara satu ibu lain bapak (Ayahnya adalah Batara Surya). Sejak lahir sampai dewasa tidak hidup bersama Pandawa, tetapi dipelihara kusir Adirata. Karena kesaktian dan kesetiaannya oleh Prabu Duryudana diberikan derajat yang tinggi. Menjelang perang Bharatayuda Karna dibujuk oleh ibunya untuk berperang dipihak Pandhawa. Tetapi Karna berkeras bahwa walaupun Pandhawa masih saudara dan berada di pihak yang benar, tetapi sebagai ksatria ia harus membela raja yang telah mengangkat derajatnya. Dalam perang tanding dengan Harjuna yang dalam pedhalangan Jawa menjadi satu lakon tersendiri “Karna Tanding” Karna mendapat kesempatan untuk membalas budi rajanya. Ia berjuang mati-matian dan akhirnya gugur di medan laga kena panah R Harjuna (Dananjaya)

Bait 7 Kesimpulan isi
Katri mangka sudarsaneng Jawi; Pantes lamun sagung pra prawiraAmirata sakadare; Ing lelabuhanipun; Awya kongsi buang palupi; manawa tibeng nistaIng estinipun; Senadyan tekading budya; Tan prabeda budi panduming dumadi; Marsudi ing kotaman.
(telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, nggolek kautaman. 

1 comment:

  1. Baca juga https://www.synaoo.com/2018/01/serat-tripama-materi-bahasa-jawa-kelas.html

    ReplyDelete